SEJARAH DESA

 Legenda

Kacarito jaman biyen, dumadine deso Jepatlor Kecamatan Tayu Kabupaten Pati kuwi kawiwitan awit sak durunge jaman penjajahan negeri monco, naliko samono durung ono deso Jepatlor, isine gong liwang liwong durong akeh wargo masyarakat seng podo netep ing deso kono, keno diarani alas bebandotan, amergo akeh wit-witan seng podho thukul karepe dewe-dewe tegese durung ono sing nandur, sethithik bopo sethitihk ono

wong sing podo dunung ono ing alas bebandotan mou amergo kaelu marang kasuburaneng lemah kuwi.
Ringkesing cerito, naliko wes akeh sing podo netep banjor podo gawe aturan utowo pranata ananging durung biso ditulis koyo jaman sak mangke, sabape durung ono aturan sing baku yo durung ono batese wilayah, wargo ing kono iseh primitif lan podo memeluk agomo Hindu lan Budho senengane podo mujo roh leluhur, gunung, bumi, kali lan liya liyane, sethithik bopo sethithik bebarengan karo ombyaeng jaman, jumbuh karo kahanan lan soyo tambah wong-wong sing podo dunung utowo manggon ono ing , soyo akeh aturan lan pranatan sing disarujui, soyo cetho naliko jaman penjajahan Belanda mlebu ono ing wilayah suswantoro.

Wektu kuwi bongso Walondo kepengen handarbeni wilayah nuswantoro minongko tanah jajahan amergo bumi nuswantoro kuwi wis kondhang kaloko kasuburaning siti utowo lemah kang biso di thukuli rempah rempah lan opo bae, naliko bongso Walondo nggawe dalan ono ing pesisir laut ( sak mangke keno diarani dalan Tayu – Juwana), wong kang netep ono ing kono kepisah dalan kang digawe bongso Walondo mou, kang sisih lor ingaranan dukuh Kepoh, kang sisih kidul ingaranan Tunggulsari.

Kacarito jaman samono, siji dino ono wong mati, karono wargo sing netep ing kono podo rukun lan sarujuk yo dipulosoro lan dikubur, podo rame-rame nggawe tandu utowo gendoso kanggo mikul wong kang mati mou, banjur wong mati mou podo dipikul ing tandu kanti rame-rame arep dimakamke utowo dukubur, dumada’an wong mati sing dipukul ing tandu sikile seng sisih tengen njeplak ngalor, lan sikile seng siseh kiwo njeplak ngidul, saknaliko sikil kang njeplak ngalor lan njeplak ngidul mou pado rame-rame di benakke supoyo lenceng, barang wes lenceng dipikul rame-rame maneh, dumadaan ing tengah ndalan bali njepal ngalor lan njeplak ngidul maneh, kahanan seng koyo mangkono kuwi kalebu unen-unen kang podo netep ing kono, besok ing reja-rejaning jaman karan njeplak lor lan njeplak kidul, nganti sak iki yo kuwi seng diarani Jepatlor lan Jepatkidul.

Ono ing desa Jepatlor yo ugo ono kang aran Mengkang, kocap kacarito ono wong kang sekti mahamboro podo tukar padu sahenggo nuwohake pasulayan adu kasekten nganti lawase pitung dino lan pitung bengi, ora ono seng menang yo ora ono sing kalah, banjur dipisah Mbah Buyut Kromo Truno nganggo teken tegese diwengkang kahanan seng koyo mangkono kuwi dadi unen unen ing wargo kono sok nek reja-rejaning jaman karan Mengkang.

Ing ndeso Jepatlor ugo ono kang aran dukuh Ndolengan, kocap kacarito kaduwean utowo rojo koyo seng di nduweni wargo kono ora podo, tegese ono kang sugeh yo ono kang ora nduwe, ing siseh kidul kono akeh wong seng podo sugeh pangan, amergo ing kono biyen panggonan tambatan prau layar, milo kelebu unen-unen ing wargo kono yo diarani bendole pangan, besok yen ono reja-rejaning jaman karan Dukuh Ndolengan amergo bendole pangan.

Kaporo sisih lor ono kali kang dumadine soko kahanan alam utowo alamiah, kocap kacarito kali mou kalebu kali kang gawat kaliwat liwat akeh setan dmit lan jin peri prayangan, lan akeh rojo pati amergo dicokot utowo disolog ulo sowo, mulo soko kuwi sok reja rejanig jaman ingaranan Kali Sowo.

Cerita ini hanya legenda dirangkum dari certa orang–orang dulu, dan kebenaranya tidak dapat dipertanggung jawabkan ALLOH YANG MAHA TAU

DITULIS : MODEN ANAS

Facebook Comments