Sejarah Desa

Sejarah Desa Jepatlor

 

Sejarah Desa Jepatlor Kecamatan Tayu Kabupaten Pati, Setelah dikumpulkan berbagai nara sumber yang paling Falit adalah hanya bisa terlacak bahwa desa Jepatlor dan Jepatkidul dulunya satu wilayah atau satu rumpun menjadi perbatasan Kabupaten Pati dan Kabupaten Jepara, jepat artinya Jepara - Pati, lambat laun muncul nama Jepatkidul oleh warga masyarakat setempat karena merupakan perbatasan Kabupaten Pati - Jepara sebelah Selatan ( Kidul ) dan muncul nama Jepatlor oleh warga masyarakat setempat karena merupakan perbatasan Kabupaten Pati - Jepara sebelah Utara ( Lor ), jaman dahulu wilayah perbatasn Kabupaten Jepara sampai ke wilayah Desa Jepatlor,  sehubungan ada Kebijakan dari Pemerintah Kabupaten Jepara maka Jepatlor sekarang dimasukkan ke Peta Wilayah Kabupaten Pati.  

 

Legenda Dumadine Deso Jepatlor 

Dumadine Deso Jepatlor diwiwiti soko jaman sakdurunge penjajah negoro monco kang kepengen handarbeni bumi pertiwi kang gemah ripah loh jinawe, yokuwi Negoro Portugis, Negoro Walondo, Negoro Enggris, Negoro Jepang lan sak panunggalane, jaman kuwi urong iso ingaranan Deso Jepatlor, amergo iseh gong liwang liwung lan alas bebandotan jaman kuiwi urong akeh wargo seng podo netep ono ing kono, soyo suwe ing papan kono mou di enggo ngiyup utowo manggon seng ora netep amergo durong akeh manungso seng dititahake ono ing Jonoloko utowo bumi, awet sakiong kaeloan bumi kang subur ing wilayah kang sinebut ngarep, soyo suwe akeh wong seng podo netep amergo wilayah mou cocok banget kanggo nenandur Pari lan nelayan ono ing segoro, sebab jaman kuwi iseh diarani primitif lan sak panunggalane.

Konon critane ( kocap kacarito ) lambat laun soyo suwe akeh pendatang soko wilayah liyane kang podho netep utowo mangggon ing wilaya kasebut, amergo banget suwene olehe netep ono ing kono,  wong seng podo manggon ono ing wilayah mou rumongso handarbeni wilayah seng podo ditetepi lan pado nduweni pasangan lan handuweni keturunan yo kuwi kang diarani cikal bakal Desa Jepatlor, wektu kuwi urong biso ingaranan Deso Jepatlor.

Ringkesing carito ingkono mou wes akeh wong kang netep lan akeh wong  podo nduweni anak putu lan sak panunggalane, kang anduweni anak putu keno diarani putra asli deso kang ora nduweni anak putu keno diarani pendatang amergo netepe durung suwe, wargo pendatang lan wargo asli putra deso podo guyup rukun mat sinamadan keno diaranan tentrem lan ayem, banjur gawe aturan kang orong biso ditulis amergo isih primitif.

Suwiji dino ono wong kang dituaake utowo pinisepuh wago kono kang lamus utowo mati amergo yuswane wes sepuh, banjur wargo kono podo guyup rukun mat sinamadan podo mbiyantu penguburan layon utowo jenazah, jaman biyen orong ono Gendoso koyo kang digawe jaman sak iki, banjur digawekke tandu soko Pring Jowo, karono olehe gawe tandu mung sederhana seng baku keno kanggo mikul tumuju ono ing pekuburan , ono ing tengah-tengah anggene podo lumaku dumadaan ono kaeloane zaman, jenazah kang ditandu utowo dipikul mou sikile seng kiwo njelak ngidul lan sikile seng tengen njeplak ngalor banjur janazah mohu dibenakke sikile diluruske utowo dilencengke supoyo ora njeplak maneh, diteruske anggene mikul sak durunge tekan pemakaman utowo penguburan ono kaeloan zaman maneh sikile seng kiwo njeplak ngudul lan sikile kang tengen njeplak ngalor maneh. banjur ditoto maneh supoyo ora njeplak lan diluruske.

Kedadean kang koyo mengkono kuwi dadi folemik utowo dadi bakasan kang ora biso diilangake ono ing pikirane wargo masyarakat mou sahenggo wilayah kang ditetepi mou seng sisih kidul diarani njeplakkidul seng sisih elor diarani njeplaklor, sahenggo dadi ketetepane diarani Deso Jepatkidul lan Deso Jepatlor, diwiwiti soko kaeloane zaman seng koyo mengkono wilayah kuwi pisah dadi loro, banjur handuweni pangarso utowo sing dituwakke ono ing wilayahe dewe.

Kawiwitan sakdurunge tahun 1918, ketepaan wektu kuwi Bongso Walondo teko ( njajah ) Bumi Nuswantoro mangabat-abat lawase, Bongso Walondo nggawe dalan kang diwiwiti soko Tayu tumuju njuwono ( keno diarani ratan gede Tayu-Juwono ), ono ing pesisir laut kang misahake lautan lan daratan awet soko kuwi Jepatlor soyo suwe Soyo akeh poro pendatang lan pribumi lan soyo akeh pranatan lan aturan kang podo sisarujui.

Dukuh Njetis.

Tahun 1918 yo kuwi molaine sebutan deso njepatlor kang weis iso ditulis lan disarujui wargo masyarakat,  njetis ugo masuk wilayah njepatlor amergo ora luput soko wilayah kang mencil ono ing tengah persawahan, jaman biyen di enggoni namung sak keluarga, amergo wilayahe mung sak Cething lan wilayahe segi papat ( kothak ) milo akeh wong podo nyebut njetis, sak iki banjur wis akeh kang netep ing kono.

Dukuh Ndolengan

Ndolengan soko tembung Bendole Pangan,  Kacarito jaman biyen wilayah ing kono panggonan kang apek (strategis) amaergo dilewati kali kang gedhe, akeh pendatang kang penghasilane soko nelayan amergo prahu layar nelayan biso langsung melebu ono ing wilayah ndolengan, mulane ora mohal lamun wilayah kono biyen handarbeni penghasilan nelayan, bebarengan kanthi pendapatan milo soko kuwi babagan bercocok tanam lan liya liyane ugo kalebu berkembang. lan ing kono ugo keno diarani mlebune dakwah Agomo Islam. 

Mengkang

Kang sinebut Mengkang kuwi persawahan kang antarane pemukiman, kacarito jaman biyen ono wong loro kang podo padudon utowo pasulayan  babagan banyu kang kanggo persawahan utowo cocok tanam,  karono podo  sektine bebasan  sekti mondro guno ora tedas tapak palune pande sisane gurendo, debat nganggo kepinteran nganti sedo sewengi ora ono seng ngalah babar pisan, banjur nuwuhake pasulayan ( adu kasekten ) lawase pitung ndino pitung mbengi ora ono tondo-tondo endi seng bakal kalah, lan endi seng bakal menang ( podo sektine ), akeh wong seng podo ningali sahenggo nimbulake ontran-ontarn ono ing kono, banjur dipisah kanti diwengkang, milo sawah kono diarani sawah Mengkang. sak iki iseh dilestareake kanggo persawahan lan bercocok tanam.

Kali Lencer

Perkembangan perekonomian Jepatlor khususe bidang pertanian soyo tambah ngremboko ( maju ) nuwuhake gagasan utowo perencanaan ngatur saluran iri gasi kanggo nanggulangi banjir ing pemukiman utowo banjir ing lahan persawahan. gagasan seng wes disarujui wargo  diwiwiti kanthi gugur gunung mat sinamatan salah sawijine wargo kang disepohaheke ono ing wargo kono atur pangandiko   " hee poro sedulooor.... sak durunge dilencengno  disik ben pancer ....", kacarito rampung olehe gugur gunung kanti mat sinamadan kanggo wargo kono kali utowo saluran air kang digawe gedhe manfaate kanggo wargo njepatlor kocap kacarito sinebut Kali lencer